Ucule lukisanmu kaya dadi pralambang menawa kowe kudu uwal saka rangkulanku. Dhuwit sing durung kabayar kaya mbabar tebusan kang ora katekan. Nadyan wis kelangan sakabehane, aku bakal ngupaya nggawe sewu lukisanmu kanggo obor sajroning uripku.
Awit manungsa kuwi dudu agamane apa sing bisa nggawa tumuju marang alam ing kasuwargan, nanging tumindake nalika isih urip ana ing alam ndonya